Selamat Datang

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

مرحبا أهلا وسهلا بحضوركم في موقعي هذا. موقع فردي بهيج . موقع الألبّاء

Minggu, 31 Oktober 2010

Abah Ibuk

Abah lan Ibuk, kak labib nyuwun pangestune. Selama kak labib kuliah teng Semarang, menawi katah perubahan. Kengeng budaya-budaya seng wonten teng mriki. Kak labib berusaha ngedohi budaya-budaya ingkang awon lan mendet ingkang sae.

Katah ingkang kak labib ngertosi teng mriki. Duko urusan pelajaran, duko urusan perjalanan teng dunyo niki.

Kak labib matur nuwun, bimbingan abah ibuk wekdal tasih teng dalem. Kak labib diwejangi carane urip sae teng pondok. “Kak Labib, nek wonten roan geh derek roan”. “Kak Labib, ampun ngantos keseret teng nggene pemikiran seng melenceng. Cekelo teguh nopo seng pun diajarke teng Sarang”. “Kak Labib ampun membangga-banggakan diri sebagai anake wong niki putune wong niki”. “Tiang liyo nopo wonten seng bade mbantu Kak Labib nek boten Abah Ibuk. Dados ampun tergantung kaleh tiang lintu”. “Kak Labib kudu tanggap nek wonten nopo-nopo ingkang dibutuhke kiaine. Kudu seng cekatan”. Lan katah lintune petuah saking abah ibuk.

Abah lan Ibuk, pandongane mawon kersane Kak Labib sukses nglampahi urip niki. Sukses teng donyo sukses teng akhirat. Sukses teng donyo kados ingkang dikarepake Abah lan Ibuk, bilih Kak Labib ampun dadoso tiang kuper, ndekem teng omah, ora wani ngomong kaleh tiang. Dadoso Kak Labib ingkang cekatan.

Sukses teng akhirate kados ingkang dikarepake Abah lan Ibuk kanti printah-printahe Abah Ibuk teng Kak Labib ken jamaah, ken tangi subuh, nganti Kak Labib dijiwiti nek boten tangi-tangi. Ken belajar seng tenanan, nganti nek Kak Labib bubuk boten derek musyarawarah digugah meski Kak Labib nangis-nangis setengah sadar (kranten digugah kangge musyawarah, padahal enak-enak turu).

Kak Labib eleng sedanten niku.

Abah sosok seorang ingkang keras lan tegas. Tapi penuh kasih sayang di balik niku. Kak Labib boten eleng kekerasane abah teng kulo, kecuali cerito riyen-riyen nendang Kak Labib kranten Kak Labib ngecos Upi wekdal niku.

Ibuk sosok ingkang alus ingkang sering nasihati lan berusaha tenanan putra-putrane dados tiang sae.

Ya Allah, kulo sanget bejo gadah tiang sepah kados Abah Ibuk.

Ya Allah, tiang sepah kulo sampun berusaha kados ngoten ndadosake putrane niki dados tiang sae. Ampun sia-siaake usahanipun kekaleh, ya Allah. Dadosake putrane niki tiang ingkang dicintai Pengerane, tiang sepahe, lan menungso...

Tetes loh haru kulo kangge kebaikan kekaleh tiang sepah kulo.

Ya Allah paringi umur panjang kekaleh tiang sepah kulo. Paringi kecukupan rizki, selamet dunyo akhirat, lan kebanggaan terhadap putra putrinipun.

رب اغفر لي ولوالدي وارحمهما كما ربياني صغيرا

Tidak ada komentar: